Pengertian TEMBUNG ENTAR

TEMBUNG ENTAR
Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duwe teges ora sakbenere.

Tuladha
abang-abang lambe : ora temenan utawa mung lelamisan.
abang raine : wirang, isin.
adol bagus, adol ayu : mamerake baguse, mamerake ayune.
adus kringet : nyambut gawe abot, mempeng
ala jenenge : ora dipercaya awong liya
alus tembunge : omongane kepenak dirungokake
atine ana wulune : duwe kekarepan ala, drengki srei
bau suku : tenaga, abdi
mbukak wadi : ngandhakake wewadine/rahasiane
mbuwang tilas : nutupi tumindake sing ala
cagak elek : srana supaya betah melek
cagak urip : srana kanggo nyukupi kebutuhane urip
cepak rejekine : gampang golek rejeki
cilik atine : sumelang, kuwatir
cupet nalare : ora bisa mikir
dadi gawe : ngrepotake wong liya
dawa tangane : seneng colong jupuk
ndhedher kabecikan : tumindak becik
dhuwur pangkate : dadi panguwasa
enetk atine : keweden, kuwatir banget
entheng tangane : seneng milara, cengkiling
enthenge tangan : seneng nyambut gawe
gedhe atine : tatag, ora gampang sumelang
gedhe endhase : sumanagkean, gumedhe
gedhe omonge : seneng umuk
nggedhekake puluk : ora gelem prihatin
nggenggem tangan : ora gelem nyambut gawe, kesed
golek urip : nyambut gawe kanggo nyukupi urip
idu geni : kabeh guneme kudu bisa klakon
jembar kawruhe : akeh ngelmune
jembar segarane : sugih pangapurane
kandel kulite : digdaya, sekti
kaku atine : tansah sulaya, nesu wae
kembang lambe : tansah dadi pocapan, gunem
kulak warta : golek kabar
kuwat drajad : cocog dadi panguwasa, pemimpin
lambe tipis : akeh omonge, criwis
landhep dhengkul : bodho banget
landhep pikire : pinter
lara ati : serik
lara ayu : lara cacar
lobok atine : sabar
lumah tangan : ora gelem cawe-cawe
lunyu ilate : gunemane mencla-mencle
manis rembuge : omongane gawe seneng
mata dhuwiten : petung banget, srakah marang dhuwit
mati sandhang pangane : ora ana dalan kanggo golek sandhang pangan
mati ilate : ora bisa ngrasakake gurihe pangan
meres kringet : nyambut gawe nganthi peng-pengan
mogel ilate : seneng mangan sarwa enak
nandur kabecikan : tumindak, gawe becik
ngangsu kawruh : sekolah, meguru
ngatonake siyunge : nuduhake panguwasane
ngatonake dhadhane : sumbar, umuk, pamer
ngendhaleni hawa napsu : nyegah kekarepan ala
nyolok mata : tumindake ketara banget, cetha banget
oleh wirang : kisinan
ora duwe ati : wedi, kuwatir banget
padhang hawa : ndonya
padhang pikirane : seneng
padhang ulate : sumeh, grapyak
panas atine : nesu banget
papan kiwa : ora andhakan, nisih
pedhes rembuge, tembunge : guneme gawe serik
peteng atine, pikire : susah
pingget atine : serik, gela
rai gedheg : ora duwe isin
rupak raine : cugetan
rupak jagade : judheg, ora bisa lunga-lunga
sepi kawruhe : bodho
sepi ing pamrih : ora duwe pamrih, melik
sesak dhadhane : mangkel, serik
tadhah udan : lirangan gedhang sing ndhuwur dhewe
tatu atine : serik banget
tipis lambene : seneng nyatur wong liya, criwis
thukul pikire : akeh akale
thukul turune : duwe turun/anak
udan tangis : akeh sing padha nangis
ulate peteng : nesu
utang nyawa, pati : gawe pepati
utang wirang : gawe wirange wong liya
weteng kadut, karet : akeh pagane/tadhahe
wedi getih : jirih
wedi kangelan : ora gelem rekasa, kesed