Pengertian TEMBUNG GARBA

TEMBUNG GARBA

Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan.

Tuladha
ana + ing dadi aneng tegese ana (manggon) ing
arane + iki dadi aranireki tegese jenenge iki
dadi + ewuh dadi dadyewuh tegese ora gampang, sarwa ewuh
dhemen + anyar dadi dhemenyar tegese senenge yen isih anyar
dupi + arsa dadi dupyarsa tegese nalika arep
jalu + estri dadi jalwestri tegese lanang wadon
kajuwara + ing dadi kajwareng tegese kondhang ing
kapireng + arsa dadi kapyarsa tegese keprungu
lagi + antuk dadi lagyantuk tegese lagi antuk/oleh
lagi+ana + ing dadi lagyaning tegese lagi ana ing
lebda + ing dadi lebdeng tegese mumpuni, pinter ing
lumaku + ing adi lumakweng tegese mlaku ing
lumebu + ing dadi lumebeng tegese mlebu ing
maha + raja dadi maharja tegese ratu linuwih
maha + resi dadi maharsi tegese pendhita linuwih
malebu + ing dadi malebeng tegese mlebu ing
mardika + ing+rat dadi mardikengrat tegese ing jagad/donya
murba + ing dadi murbeng tegese kuwasa ing
nara + indra dadi narendra tegese ratuning jalma
narpa + endah dadi narpendah tegese ratu sing ayu
nata + ing dadi nateng tegese ratu ing
nuju + ari dadi nujwari tegese sawijining dina
prapta + ing dadi prapteng tegese teka ing
prawira + utama dadi prawiratama tegese prajurit utama/senapati
priya + agung dadi ratwagung tegese ratu binathara/ratu utama
ratu + agung dadi ratwagung tegese panah utama
sami + arsa dadi samyarsa tegese padha arep
sira + iku dadi sireku tegese kowe iku
siti + inggil dadi sitinggil tegese lemah sing dhuwur papane
siniwaka + ing dadi siniwakeng tegese diadhep dening
sumbang + asih dadi sumbangsih tegese weweh kanggo tandha asih
sura + ing+yuda dadi surengyuda tegese wani perang/dewaning perang
taksih + alit dadi taksyalit tegese isih cilik
tumenga + ing dadi tumengeng tegese madhep ing (mendhuwur)
tumeka + ing dadi tumekeng tegese tekan ing
tumuju + ing dadi tumujweng tegese marani/tumuju ing
wira + utama dadi wiratama tegese prajurit utama/senapati