Maca Geguritan ten Boso Jowo/ Membaca Puisi di dalam Bahasa Jawa/ Speak Poetry in Javanese
(sumber/ source: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: PenerbitErlangga.)
Geguritan yaiku pusi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan.
Endhaing geguritan dumunung ing:
i) Pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi;
ii) Nggunakake wirama utawa lagune;
iii) Busanane basa kang maneka warna.
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab sing kudu digatekake yaiku:
i) mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
ii) kudu nggatekake pocapan lan wiramane
iii) bisa maragakake kanthi mimic lan ekspresi sing trep.
Tuladha:
1) Tepa Palupu
(Dening: Subagiyo Ilham Notodijoyo)
Kudu kekejer neng antariksa
Mbabar kaendahaning elare
Ciptane mangsa ana madha
Nandhingi ing bab kasantosane
Kasaru tekane si branjangan
Sigra nyamber kupu kumalungkung
Anggite ta ana bisa nglawan
Cukat, trampil kaya nggone nladhung
Sumbare kukila kang degsura
“Sapa baya kang wani prang tandhing”
Nora ngerti yen ngisor ana janma
Ribut riwut anggone masang jarring
Dahat suka kaki juru pikat
Dupi mulat jaringe ngenani
Batine: “Eh branjangan keparat,
Aja sira nglawan marang mami”
Juru pikat ngulangalake dhadha
Kurang weweka tiba kesandhung
Samengko lagi rumangsa papa
Tangane tugel sikile putung
Sambat melas asih juru ngala
“Ah, banget kumalungkung aku iki
Yektine: manungsa titah ina,
Sing kuwaswa mung Gusti pribadi.”
(Kapethik saka: Antologi Puisi Jawa Modern
Dening: Suripan Sadi Hutomo)
2) Palestina
(Dening: Dewantara Pamungkas)
Sewu manuk dara kelangan omah
Panggonan ngaso kanggo ngidungake bedhamen
Langit tansah dadi waja
Lan pasir sing amba kae malah panas
Ngumobake nesu kang makantar-kantar
Ludira lan kringet jejogedan
Mimis bedhil lan bom dadi kidung
Tan peduli lemah iki suci
Panggonan wahyu-wahyu saka langit
Urip lan ngrembaka dadi pusering donya
Ing sakdawae kali Yordan
Apa bakal ana kembang-kembang karonce
Lan padha takon-tinakon marang sapadha
Rerangkulan lan ngidung bareng
Ngenani pereang kang kari crita
Lan kamanungsan kang diundha-undha
Kapan?
(Kapethik saka: Kalawarti Jayabaya Nomer. 38/LVI, 19-25 Mei 2002.)
3) Kutha Sewu Siji Guwa
(Dening: Asmara Kinendra)
Para warga datan ginodha alaning jalma
Wewengkonmu kapencil saka ramenipun kutha
Ora saben jalma wani ngambah tlatah ira
Mijil saka perenging ardi
Munggah mudhun nuju pucuking arga
Kiwa tengen bebaya jurang tinantang
Ing suwaliking bantala kang cengkar
Kinandhut tambang maneka warna
Kinandhut mas picis raja brana
Pesisir Teleng Ria lan Watu Karung
Endhaing praupanmu sing isih prawan sunthi
Gawe para andhon wisata bola bali mirsani
Pacitan, kutha sewu siji guwa aranira
Guwa Tabuhan ngumandhangake endhaing ciptra pradangga
Guwa Gong tibanuh mujil sawaraning gong endha ngelami
Guwa Kalak, Guwa Luweng Jaran, lan Guwa Putri
Kabeh duwe kaendahan tan ana sing bisa madhani
Kaendahaning alam cipta Gusti Kang Murbeng Dumadi
(Sumber: Kumpulan Geguritan lan Sajak-sajak Jawi, Asmara Kinendra, Surabaya, Widya pustaka.)